SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANG GULA
A.Serat Tripama
Serat tripama iku karya sastra kang awujud tembang macapat mligine pupuh dhandhang gula.serat tripama wiwit ana nalika jaman mangkunegara anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV ing surakarta.isine ngenani piwulang kanggo niru watak ksatria prajurit kang ditindakake dening Patih Suwanda(Sumantri) saka Maespati,Mahawira Kumbakarna saka Alengka,lan Adipati Basukarna saka Astina.
Serat Tripama iki diripta udakara taun 1860-an kanthi ancas supaya bisa dadi patuladhan lan sumbering inspirasi,ora namung kanggo prajurit nanging uga para pemimpin utawa kabeh bebrayan agung saengga bisa kasil anggone nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing alam donya.
B.Pupuh Dhandhang Gula
Tembang Dhandhang Gula asale saka tembang "Dhandhang" lan "Gula" ateges rasa kang legi/manis utawa seneng.Tembang Dhandhang Gula ngambarake manungsa kang lagi ngrasakake nikmate urip, umur kang wis diwasa, wiwit bisa ngatur kebutuhane urip lan seneng nymbut gawe bebarengan.Watake Tembang Dhandhang Gula yaiku luwes,kewes,manis,resep(seneng),lan nyenengake.
Pupuh Dhandhang Gula ana 7 pada:
Pada 1&2 : Patih Suwanda
Pada 3&4 : Kumbakarna
Pada 5&6 : Adipati Karna
Pada 7 : Dudutan/simpulan.
Pupuh Dhandhang Gula ing serat Tripama uga ngemot pitutur lan nilai-nilai luhur.Pitutur luhur yaiku piwulang utawa pitutur kang becik saengga perlu dituladha.Dene nilai-nilai luhur yaiku nilai-nilai kang ngandhut kabecikan kang bisa dijupuk jroning isi karya sastra kang ana gegayutane karo kahanan ing urip padinan utawa bebrayan agung.Nilai-nilai jroning crita iku ana gegayutane karo nilai relegius,nilai sosial,nilai kabudayan,lan nilai moral.
1. Nilai relegius ana gegayutane karo Agama lan keyakinan, kaya ta babagan ngibadah,sembahyang,lan upacara Agama.
2. Nilai sosial ana gegayutane karo paugeran-paugeran pagesangan minangka bagean masarakat.
3. Nilai kebudayaan ana gegayutane karo adat istiadat lan budaya kang dilakoni ing masarakat tertamtu.
4. Nilai moral ana gegayutane karo budi pakarti ing masarakat.
Serat Tripama Pupuh Dhandhang Gula nduweni piwulang luhur kaya ing ngisor iki:
1. Saben masarakat nduweni kewajiban kanggo labuh mbela negarane.
2. Ajaran ngenani supaya tresna marang Bumi pertiwi lan kewajiban labuh mbela negara kuwi ana ing sajroning bebasan utawa unen-unen jaman biyen.
3. Nalika menehi pambiji marang sawijining bab,kudu tliti lan ngati-ati,uga kudu bisa mbedakake kang becik lan ala kanthi njlimet.
4. Perkara kang ana gegayutane karo kepentingane bangsa lan negara kudu luwih diutamakake tinimbang perkara kang asipat pribadi utawa golongan.
5. Kanggo kepentingan bangsa lan negara awake dhewe kudu nglakoni kanthi ati lega/iklas.
6. Saben pawongan kudu tuwuh sikep tansah ngurmati wong liya kanthi lumrah.
C. Paugeran Pupuh Dhandhang Gula
Tembang Dhandhang Gula kalebu Tembang Macapat saengga nduweni paugeran kang arane:
1. Guru Gatra(cacahing larik saben sapada) 10 Gatra
2. Guru Lagu(tibaning swara ing pungkasaning Gatra) i,a,e,u,i,a,u,a,i,a
3. Guru Wilangan(cacahe wanda saben sapada) 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7
D.Nulis lan Nyunting Tembang Dhandhang Gula
Nulis syair tembang Dhandhang Gula padha karo ngarang syair Tembang Dhandhang Gula nganggo basane dhewe.Babagan kang prelu dieling-eling yaiku paugerane tembang Dhandhang Gula lan anggone gawe syair mingunakake basa kang rinengga.
Perkara-perkara kang kudu digatekake nalika arep gawe tembang yaiku:
1. Nemtokake tema.
2. Mangreteni guru gatra,guru lagu,lan guru wilangan Tembang Dhandhang Gula.
3. Mangreteni watake Temvang Dhandhang Gula.
4. Mangreteni pingunane tembng Dhandhang Gula.
5. Nyusun tembung dadi sagatra manut paugerane.
6. Ngronce gatra-gatra bacutane nganti tekan 10 gatra kanthi runtut ,nduweni tegas,lan manut paugerane tembang.
Perlu dieling-eling maneh menawa paugeran kang gumathok ing tembang Dhandhang Gula yaiku kaya ing ngisor iki.
1. Cacahe gatra saben sapada ana 10.
2. Guru lagu lan guru wilangan tembang Dhandhang Gula yaiku 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,lan 7a.
3. Watake tembang Dhandhang Gula yaiku luwes,kewes,lan rumasuk ing njero ati.
4. Gunane tembang Dhandhang Gula kanggo ngandharake crita ngenani saperangan perkara ing kahanan tartamtu.Tembang Dhandhang Gula uga minangka piranti menehi pitutur luhur kaya ing pupuh-pupuh liyane ing serat Wedhatama.
Tuladhane nyunting tembang Dhandhang Gula kang mingunakake bsane dhewe:
Wong yen gelem sinau lan ngaji 10i
Uripe ora bakal sengsara 10a
InsyaAllah bisa sukses 8e
Semangat golek ilmu 7u
Sabar lan ikhlas iku kunci 9i
Supoyo bahagia 7a
Ing uripe sesuk 6u
Dadio wong sing teladan 8a
Supoyo bisa dadi contoh sing apik 12i
Gawe kabeh menungsa 7a

Komentar
Posting Komentar