SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANG GULA A.Serat Tripama Serat tripama iku karya sastra kang awujud tembang macapat mligine pupuh dhandhang gula.serat tripama wiwit ana nalika jaman mangkunegara anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV ing surakarta.isine ngenani piwulang kanggo niru watak ksatria prajurit kang ditindakake dening Patih Suwanda(Sumantri) saka Maespati,Mahawira Kumbakarna saka Alengka,lan Adipati Basukarna saka Astina. Serat Tripama iki diripta udakara taun 1860-an kanthi ancas supaya bisa dadi patuladhan lan sumbering inspirasi,ora namung kanggo prajurit nanging uga para pemimpin utawa kabeh bebrayan agung saengga bisa kasil anggone nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing alam donya. B.Pupuh Dhandhang Gula Tembang Dhandhang Gula asale saka tembang "Dhandhang" lan "Gula" ateges rasa kang legi/manis utawa seneng.Tembang Dhandhang Gula ngambara...
Postingan
Menampilkan postingan dari Februari, 2020